Sing Duwe Blog

SadatGo!BLOG. Versi 2014. Pindah haluan ke blogspot. Setelah di wordpress kena suspend :D. Saya adalah seorang Suami, Ayah 1 anak, Pekerja instansi Pemerintah, Pengendara Supra Fit New, Suka Sosmed, ..... *dan tentu masih akan ada lanjutannya*
SadatGo!BLOG. Mukim di Purworejo, Jawa Tengah. Hobi berpetualang di Internet, sehingga jejakpun kutinggalkan di blogspot. Tidak hanya itu, jejakkupun ada di facebook, flickr, formspring, friendster, koprol, mim, plurk, tumblr, twitter dan wordpress.

Sabtu, 01 Desember 2007

SUWE ORA NGEBIS…

Wis suwe tenan, inyong ra numpak bis. Numpak bis pisan awak dadi pegel-pegel, linu, kembrebeg. Lha wong inyong numpak bis ekonomi. Ya memper. Panas, suwe, mondak-mandek, akeh wong pada mbarang(ngamen)..wis pokoke brisik lah. Iso dibayangno to.. Jalur Purworejo – Bumen – Kemranjen numpak bis Raharja, eelah....dioper maring bis liya. Bis cilik nganti terminal Purwokerto. Ning terminal ketemu kanca-kanca sik arep menyang tegal. Dadi seneng inyong. Suk-sukan ning bis. Tapi inyong oleh jagongan. Purwokerto – Ajibarang – Bumiayu – Margasari – Slawi – Tegal, lagi pisan kiye inyong lewat dalan kiye..

Tekan tegal jam loro, trus menyang SUPM jalan martoloyo. Nang kana dhisike cengar-cengir, ra nana kanca. Akhire oleh kanca kang Cirebon trus turu ning omahe uwong. Wis rampung acara nang Tegal, inyong langsung balik seka terminal tegal jam setengah papat sore. Sak bis isine kanca-kanca senasib kabeh. Arep balik menyang jogja. Golek bis sing rada apik, males nek kaya pas mangkate wingi. Alhamdulillah tekan purworejo jam sepuluh wengi.

Kanggo kanca-kanca, sukses kabeh ya…aja kelalen karo inyong ya..!!

1 komentar:

Silakan isikan komentar. Terima kasih